Artikel


Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, sedherek sedaya,saha para mudha wredha ingkang kinurmatan. Sumangga saderengipun kula panjenengan sedaya langkung rumiyin ngaturaken puji syukur saha atur panuwun wonten ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Asih, awit saking paringanipun rahmat saha berkahipun, kula panjenegan tansah pinayungan karaharjan saha kawilujengan saengga saged nyawiji manunggal ing pepanggihan siyang menika.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, miwah sedherek-sedherek kula para mudha, menapa sebabipun saben wulan November kagugah krenteg perjuanganipun, krenteg bela negara, krenteg bela bangsa. Amargi ing wulan menika surya kaping 10 November, Bangsa Indonesia tansah mengeti dinten ageng prastawa sejarah ing Kutha Surabaya inggih menika Dinten Pahlawan. Kula panjenengan sedaya mangertos bilih rikala surya kaping 10 November 1945 para nom-noman ing Surabaya lan para pejuang rakyat ngadhepi perang mungsuh para penjajah ingkang mbonceng tentara Inggris. Semangatipun para nom-noman anggenipun ngusir para penjajah ingkang ngebroki tanah jawa, mliginipun ing Surabaya saged damel horegipun donya, ngantos Dewan Keamanan PBB tumut cawe-cawe babagan menika.
Para rawuh sedaya ingkang kinurmatan, kula ing ngriki boten badhe njlentrehaken sedaya prastawa ing wanci semana, amargi kula pitados bilih panjenengan sedaya langkung mangertos sejarahipun ‘Dinten Pahlawan’ ingkang tansah dipunpengeti dening sedaya warga Indonesia. Wonten ngarsanipun panjenengan, kula namung badhe ngemutaken dhumateng panjenengan sedaya, kados ing carios ‘Sesaji Raja Suyo’ inggih menika antawacananipun Prabu Kresna kaliyan Werkudara. Prabu Kresna paring pitedah bilih nyambut damel kangge bela Negara menika boten usah dipunprentah, nanging kanthi kekarepanipun piyambak. Pramila kula namung ngajak dhumateng panjenengan sedaya mawaris jiwa lan semangat njaga Negara Indonesia kanthi sesanti ‘Rawe-rawe rantas malang-malang putung’, Rame ing gawe sepi ing pamrih’. Kados semangatipun para nom-noman ing Surabaya nalika ngusir penjajah wayah semana.
Para rawuh sedaya, mliginipun para mudha, ing salebetipun mardika menika taksih wonten perjuangan ingkang kedah dipunlajengaken, nanging perjuangan wakdal sakmenika boten arupa ngangkat bedhil, mbekta bambu runcing lan sapanunggalipun. Perjuangan ing wekdal menika arupa kangge pembangunan, pramila sumangga panjenegan sedaya pramudha, panjenengan ingkang dados ‘generasi penerus’ maju utawi mundhure Negara mbesuk gumantung para ‘generasi mudha’. Mula pramudha ingkang taksih ngangsu kawruh ing pawiyatan sami ngelmu kang tumemen, sinau ingkang kiyeng, supados pinter, lan ingkang sampun makarya, nyambut damel kanthi leres, jujur, disiplin, tanggung jawab. Menawi sedaya warga Indonesia saged nglajengaken perjuanganipun para pahlawan kanthi tanggung jawabipun piyambak-piyambak. Kula pitados Negari Indonesia sansaya adil makmur, gemah ripah loh jinawi, karta raharja.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, miwah sedherek sedaya saderengipun kula pungkasi purnaning atur kula, sumangga kula penjenengan sedaya sumerep, ndedonga kagem para pahlawan ingkang sampun gugur mbelaning Negara. Mugi-mugi sedaya amal saenipun katampa ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Asih.
Sumangga.
Wasana kula cekapaken semanten rumiyin atur kula, hambok bilih wonten kirang suba-sitanipun saha kirang treping undha usuk unggah-ungguhing atur, kula nyuwun gunging sih pangaksami. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr.WB.     

Tidak ada komentar:

Posting Komentar